Kamis, 13 September 2012

Pujine Ati Patang Prakara

1. Ati Sanubari, iku wisesaning rasa, rupane ireng, plawangane kaharullah, dununge alam sulpil, pujine ; ” Allahu…Allahu “, iku sampurnaning pangucap.
2. Ati Maknawi, iku purbaning rasa, rupane kuning, plawangane kamahullah, dununge alam sulbi, pujine ; ” Allah…Allah “, iku sampurnaning pamiyarsa.
3. Ati Siri, iku sampurnaning rasa, rupane ijo, plawangane jalahullah, dununge alam topek, pujine ; ” Hu…Hu…Hu “, iku sampurnaning pangambu.
4. Ati Pu-at, iku sirnaning rasa, rupane putih, plawangane jamalullah, dununge alam sabit, pujine ; ” Annalkaka … annalkaka “, iku sampurnaning paningal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar